Wes Ngopi Cah? Sruputen, ambek wocoen Wes podo ngerti yo nek saiki para tenaga medis lagi berjibaku nyelamatke nyawane dulur-dulure kene soko virus corona alias covid 19 sing mewabah neng Indonesia. Tapi ngene cah, saiki kondisine tenaga medis ki kekurangan Alat Pelindung Diri (APD) kanggo nylametke nyawane sedulur kabeh. Makane lewat postingan iki (wocoen sing tenan) awake dewe kudu rangkulan kanggo ngewangi kanca-kanca tenaga medis. Nek tenaga medis sehan lan slamet mugo-mugo awak dewe slamet. Lha piye nek dokter lan kanca tenaga medis liyane ora slamet, sopo sing arep ngewangi nglindungi awake dewe lan pasien dalam pengawasan soko covid 19? Tulung-tulung yo cah bantuane. Bantuane iso rupo barang utowo tunai cah. Barang-barang sing dibutuhne tenaga medis melindungi diri gawe melawan corona: 1. Masker bedah/surgical mask lan masker N95 2. Sarung tangan lateks 3. Hand sanitizer 4. Goggles/kacamata lab 5. Head cap/tutup kepala medis 6. Sepatu boot ...