Langsung ke konten utama

Alumni Smaboy Peduli Corona | Corona Tulungagung

Wes Ngopi Cah? Sruputen, ambek wocoen

Wes podo ngerti yo nek saiki para tenaga medis lagi berjibaku nyelamatke nyawane dulur-dulure kene soko virus corona alias covid 19 sing mewabah neng Indonesia. Tapi ngene cah, saiki kondisine tenaga medis ki kekurangan Alat Pelindung Diri (APD) kanggo nylametke nyawane sedulur kabeh.

Makane lewat postingan iki (wocoen sing tenan) awake dewe kudu rangkulan kanggo ngewangi kanca-kanca tenaga medis. Nek tenaga medis sehan lan slamet mugo-mugo awak dewe slamet. Lha piye nek dokter lan kanca tenaga medis liyane ora slamet, sopo sing arep ngewangi nglindungi awake dewe lan pasien dalam pengawasan soko covid 19?





Tulung-tulung yo cah bantuane. Bantuane iso rupo barang utowo tunai cah.

Barang-barang sing dibutuhne tenaga medis melindungi diri gawe melawan corona:
1. Masker bedah/surgical mask lan masker N95
2. Sarung tangan lateks
3. Hand sanitizer
4. Goggles/kacamata lab
5. Head cap/tutup kepala medis
6. Sepatu boot karet panjang
7. Pembungkus sepatu boots medis
8. Surgical gown
9. Apron medis
10. Face shield


Bantuan rupo barang neng nduwur iso dikirimne neng Mas Fuad Zain, sing alamate:
Jl. Panglima Sudirman 1/24 Tulungagung

Sing pingin menehi bantuan tunai, iso ditransfer neng Bank Mandiri no.rek. 1710017191910 atas nama Tomi Irawan.

Lek wis transfer ojo lali konfirmasi karo kirim bukti transfer e via Whatsapp neng SALAH SIJI nomer neng ngisor iki, ben nggak dobel-dobel.
Dian      085755665245
Erika     085745898770

Bantuan teko sedulur kabeh bakal awake salurke neng kanca-kanca petugas medis sing enek neng barisan ngarep dewe ngadepi virus corona, utamane neng kutho Tulungagung kita tercinta iki cah.

Salam Sehat,
Tim Penggalangan Dana APD Covid 19, Alumni SMABOY 2007

Komentar